LEGENDA BAHASA JAWA


ASAL – USULE KUTHA SURABAYA


Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparinggi katranan yen prameswari majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya.
Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau saperlu mung kanggo lebong weteng.
Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut. Loro-lorone pdha kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga awor dadi siji. Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna tanpa lari.
Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur ngendika, “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal takjenengake SURABAYA.”

0 komentar: